Rabu, 01 Oktober 2014

Soal Bahasa Jawa 2

1. Sampun kaaturaken ing serat sedhahan wigatosing pahargyan ing siang punika. Tembung

sedhahan ing ukara mengku teges....

a. ulangan

b. ulem

c. kitir

d. pengumuman

2. Res, sampun kalampahan rikala dinten Respati Manis 21 April 2008. Dinten Respati

Manis sami kaliyan dinten....

a. Selasa Kliwon

b. Rebo Legi

c. Kemis Legi

d. Jum’at Legi

3. Adhiku lahir selapan dina kepungkur. Selapan dina padha karo .... dina.

a. 7

b. 30

c. 35

d. 40

4. Ukara ing ngisor iki sing ora nggunakake tembung kawi yaiku....

a. Yen kepingin urip mulya kudu gelem cegah dhahar lawan guling

b. Prabu Dasamuka Nata ing Nagara Alengka seneng tumindak angkara.

c. Dupi midhanget ingkang rayi gugur ing rananggana sakala Prabu Dasamuka kantaka

jebabah ing bantala.

d. Minangkani pamundhutipun para kadang kula badhe nyekar sinom nyamat.

5. Bapakmu arep lunga menyang Pekalongan. Ibumu takon marang kowe. Wangsulanmu

sing bener nganggo basa krama ....

a. Bapak ape lunga teng Pekalongan.

b. Bapak wau matur manawi badhe tindhak ing Pekalongan.

c. Bapak mau dhawuh, manawi badhe kesah neng Pekalongan.

d. Bapak wau ngendika manawi badhe tindak dhateng Pekalongan.

6. Putrane Pak Marta sing nomer pitu jenenge Saptana. Tembung pitu basa kawine....

a. nawa

b. hastha

c. panca

d. sapta

7. Manut wacan sedhekah bumi sing ora kalebu tujuane dianakake sedhekah bumi yaiku....

a. nedhahaken kemakmurane desa Sangkanjaya

b. raos syukur dhateng Gusti Allah

c. nggadhahi panyuwun supados Gusti tansah paring kanugrahan dhateng warga dhusun

d. ngleluri dhawuhipun para sepuh lan buaya jawi

8. Tuladhane pala kesimpar yaiku...

a. manggis, kates

b. pisang, nagka, duren

c. gembili, uwi, ganyong

d. waluh, pare, labu

9. Parikan iki terusna.

Pitik walik tanpa lancur....

a. pangkat cilik arang nganggur

b. dingerteni mring wong tuwa

c. pitike di pangan kuwuk

d. dadi murid aja nakal

10. Tuladhane parikan padinan ....

a. nyebar godhong kara, sing sabar sauntara

b. godhong jati godhong nangka, dimangerti mring wong tuwa

c. kelapa sawit wite dhuwur wohe alit, isih murid aja seneng keceh dhuwit

d. kodhoke kalungan kupat, surabaya kaline mati.


11. Bapak H. Warsita tanggap warsa kanthi nanggap wayang. Tanggap warsa wonten ing

ukara punika mengku teges....

a. mantu

b. duwe gawe

c. pesta

d. ulang tahun

12. Bapak H. Warsita sampun yuswa 55 taun. Yuswa tegese....

a. umur

b. putra

c. putu

d. mati

13. Widada dikongkon menyang omahe Pak Lurah. Yen didadekake basa krama alus....

a. Widada didhawuhi menyang daleme Pak Lurah.

b. Widada diaturidhateng griyane Pak Lurah.

c. Widada dipundhawuhi dhateng dalemipun Pak Lurah.

d. Widada dipunaturi dhateng dalemipun Pak Lurah.

14. Aku arep teka menyang omahe Pak Lurah. Yen didadekake basa krama alus sing bener.

a. Kula arep menyang dhateng griyane Pak Lurah.

b. Kula badhe sowan dhateng dalemipun Pak Lurah.

c. Kula badhe dumugi dhateng griyanipun Pak Lurah.

d. Kula badhe tindak dhateng dalemipun Pak Lurah.

15. Adhine Bambang Sumantri yaiku....

a. Raden Sukrasana

b. Prabu Harjuna Sasrabahu

c. Bagawan Suwandhagni

d. Patih Suwanda



Kanggo soal no. 6 – 7 :

Ing Negara Magada, wis akeh para raja lan satriya sing ngleboni sayembara. Padha-padha

gedhe kekarepane, padha-padha ora gelem ngalahe wasana dadi perang rame.

Pungkasane para raja lan satriya kalah kabeh karo Sumantri jalaran dheweke migunakake

sanjata Cakra. Para raja telukan padha pasrah putri boyongan nganti cacah wolungatus.

Sumantri klakon mboyong Dewi Citrawati kanthi srah-srahan putri dhomas cacah

wolungatus.

16. Dewi Citrawati asale saka negara ....

a. Magada

b. Maespati

c. Alengka

d. Mantili

17. Sumantri klakon mboyong Dewi Citrawati kanthi srah-srahan putri dhomas kang

cacahe....

a. rong atus

b. patang atus

c. limang atus

d. wolung atus

18. Suradira jayaningrat lebur dening pangastuti sesanti iku mengku teges....

a. sapa wae sing tumindak kumawani utawa ala bakal mati karo tumindak kang bener

lan ngati-ati

b. sapa wae sing alang-alangi bakal disingkerake

c. wong urip kudu gelem metani awake dhewe

d. dadi pemimpin kudu gelem menehi conto sing dipimpin

19. Janur gunung kadingaren kowe mrene. Wangsalan iku kalebu....

a. wangsalan padinan

b. wangsalan edipeni

c. wangsalan lamba

d. wangsalan memet

20. Wangsalan iki batangane apa? Isih esuk kok ngembang poong ngingklik wae arep

menyang ngendi? Batangane....

a. poong

b. ingklik

c. uwun

d. dlongop

Tidak ada komentar:

Posting Komentar